Jumat, 19 Maret 2010

Bahan-bahan Pengayaan Pelajaran Sejarah : "Krisis sejarah atas satu abad Kebangkitan Nasional"

Kebangkitan sesungguhnya adalah peristiwa besar terlebih jika usia kebangkitan itu telah mencapai 100 tahun, wajar jikalau banyak komponen bangsa dan bahkan tokoh nasional yang kemudian berupaya meraih momentum kebangkitan ini. Satu abad kebangkitan (”1908 – 2008″) berarti kita meng-amini dan secara sadar mengakui bahwa Boedi Oetomo adalah tonggak kebangkitan nasional yang sebenar – benarnya.




Secara obyektif kita mengakui demikian lantaran banyak hal khususnya untuk mentradisikan sesuatu yang sama dan seragam dari masa ke masa, 20 Mei terlanjur diakui sebagai hari kebangkitan nasional dan proses reproduksi atas pengakuan tersebut tetap berjalan karena mendapat legitimasi yang lebih dari pembelajaran tekstual sejarah kebangsaan selama ini.

Kecenderungan proses cetak ulang atas tradisi kebangkitan nasional ini berimplikasi pada dua hal, disatu sisi pengakuan tersebut adalah pengakuan paling populer dan semua pihak menginginkan meraih popularitas itu namun disisi yang lain seolah kita menutup rapat – rapat terhadap adanya fakta – fakta yang berbeda yang secara obyektif sesungguhnya memiliki keterkaitan erat dengan momentum kebangkitan nasional.


Fakta Sejarah Kebangkitan Nasional yang terpinggirkan

Sudah lazim kita dengar bahwa Boedi Oetomo diakui oleh belanda sebagai organisasi kebangsaan pertama dan warisan penjajahan tersebut secara “tradisional” berhasil meminggirkan kenyataan bahwa ada versi lain yang disuarakan oleh aktivis – aktivis pergerakan Indonesia bahwa hakikatnya SI (Syarikat Islam) yang berdiri 16 Oktober 1905 adalah motor kebangkitan nasional yang sesungguhnya. Bahkan jika ditelusuri lebih jauh sesungguhnya media – media Penerbitan Islam seperti halnya Panji Masyarakat, Al Muslimun, Media Dakwah, Suara Masjid, Tabloid Abadi dan lain – lain sudah sejak lama menyuarakan pentingnya sikap “Kritis” atas fakta sejarah kebangkitan nasional yang selama ini terpinggirkan.


KH Firdaus AN adalah Tokoh dan Penulis Islam yang sepanjang hayat secara lantang menyerukan perlunya pembaharuan atas tradisi peringatan kebangkitan nasional, kritiknya melalui tulisan tersebar di berbagai media juga melalui buku – buku yang beliau tulis utamanya “Syarikat Islam Bukan Budi Utomo : Meluruskan sejarah pergerakan bangsa”, sayangnya buku tersebut sekarang sudah langka dan sudah tentu sangat terpuji jika diantara kita yang “memilikinya” bersedia berbagi dan mempublikasikan buku tersebut secara terbuka melalui blog atau website sebagai bagian dari upaya pelurusan sejarah pergerakan bangsa.

Menurut KH Firdaus AN jika dipelajari dari Anggaran Dasarnya yang berbahasa belanda ternyata Budi Utomo secara terang mengadopsi semangat kedaerahan yang kental karena tujuan organisasi ini adalah menggalang kerjasama guna memajukan tanah dan bangsa Jawa dan bangsa Madura secara harmonis. Budi Utomo menitik beratkan pada perbaikan taraf hidup orang – orang Jawa dan Madura di bawah kekuasaan Ratu Belanda sebaliknya Syarikat Islam patut dikedepankan bukan saja karena keanggotaannya yang bersifat terbuka melainkan karena sesungguhnya SI-lah cikal bakal lahirnya pergerakan kebangsaan modern.


Syarikat Islam dan Kebangkitan Pergerakan Modern Indonesia


Syarikat Islam (SI) tidak sebatas pergerakan Islam melainkan pergerakan nasional yang terbuka terbukti SI mewadahi berbagai latar belakang ideologi termasuk bergabungnya beberapa anggota yang ber-ideologi radikal seperti Semaun, Darsono dan Alimin yang kemudian dikenal sebagai SI Merah. Sebagai Bapak Pergerakan Nasional Rumah HOS Tjokroaminoto di Gang Peneleh 7 Surabaya menjadi tempat indekost bagi tokoh – tokoh pergerakan, disanalah tempat diskusi politik dan kebangsaan lintas ideologi.

3 orang tokoh pergerakan yang berguru dan indekost di rumah HOS Tjokroamnito adalah Ir. Soekarno, Kartosuwiryo dan Semaun. Ketiganya dikenal lantaran banyak memberikan warna bagi perjalanan pergerakan nasional, Bung Karno kemudian hijrah ke Bandung dan mendirikan partai nasional yang menjadi cikal bakal lahirnya PNI, Semaun dan kawan – kawannya kemudian mendirikan Partai Komunis Hindia Belanda pada tahun 1920 dan tidak lama berselang berubah menjadi Partai Komunis Indonesia yang diketuai oleh Semaun, sementara Kartosuwiryo kemudian dikenal sebagai Tokoh Islam yang berpengaruh luas dan sempat memproklamirkan berdirinya Negara Islam Indonesia.


Keengganan untuk meluruskan Sejarah

Pendek kata mengurai Syarikat Islam sebagai tonggak kebangkitan nasional menjadi menarik karena dipenuhi dengan catatan – catatan sejarah penting yang mengiringinya karena memang demikian adanya, karena Syarikat Islam adalah tonggak kebangkitan nasional yang sesungguhnya.

Pendek kata Budi Utomo sebagai pelopor kebangkitan nasional mungkin sebagian masih akan menilai demikian karena memang demikian adanya, karena pembaharuan atas krisis sejarah kebangkitan nasional masih menghadapi “tembok raksasa” yakni keengganan untuk meluruskan sejarah dengan dalih biarkan semuanya berjalan sebagaimana adanya… Wallahu A’lam


(Ditulis oleh Badrut Tamam Gaffas untuk Bulan Bintang Media) di unduh dari www.Dunia PII.com

Jung Jawa, Panguwasa Samodra (Jung Jawa Boat - The King of The Sea

Saka tlatah Indonesia iki wus kondhang crita kapal pinisi. Crita bab kapal iki wus sumrambah ing saindenging bumi. Kapal iki bisa rusak, sigar, nanging ora bisa kelem utawa kewalik nalika ing samodra.

Desa Ara, Tanah Beru, papane wong-wong Bugis sing pancen peng-pengan lan nimpuna temen-temen ing bab gawe kapal utawa prau pinisi. Gawene ora dibiyantu ubarampe kanggo ngukur utawa timbangan, nanging mung ngendelake rasa pangrasa.
Kabeh ilmu, laku lan aturan gawe prau jaman kawuri nate ditulis ing buku Jaya Langkara. Saliyane buku iki, wong-wong Bugis duwe aturan ngenani lelayaran lan dedagangan sing diracik dening Ammana Gappa. Jeneng iki dadi tetenger nalika digelar ekspedisi lelayaran prau pinisi tumuju Madagaskar.
Banjur kepriye kahanan leluhuring wong Jawa, ya para pelaut Jawa ing jaman kawuri? Kanyata para leluhuring wong Jawa ing tlatah gisiking samodra, para misaya iwak, para pelaut Jawa, iku ora kalah kondhange kalawan para pelaut Bugis.

”Wong Jawa wus akeh pengalamane ing seni navigasi. Wong-wong Jawa dianggep minangka sing ngawiti seni sing kapetung kuna dhewe iki. Kacihna akeh sing nuduhake yen wong-wong China luwih duwe hak antuk sesebutan iki, lan nandhesake yan seni kasebut diterusake saka wong-wong China marang wong-wong Jawa”.

Mangkono ukara sing ditulis dening Diego de Couto ing buku Da Asia, dibabar ndalem taun 1645. Kepara pelaut saka Portugis iki (kang uga kondhang minangka penjelajah samodra ndalem abad XVI) ing tulisane ngandharake yen wong Jawa luwih dhisik lelayaran tekan Tanjung Harapan, Afrika lan Madagaskar.

De Couto nemoni kanyatan yen warga Tanjung Harapan ndalem kawitan abad XVI kulite coklat kadidene wong Jawa.”Wong-wong iku ngaku teturune wong Jawa,” tulise De Couto kayadene sing dicuplik dening Anthony Reid ing buku Sejarah Modern Awal Asia Tenggara.
Sawijining panulis sujarah, Heddy Lugito, nelakake yen ndalem kawitan taun 1500-an tlatah Asia Tenggara kebak kapal-kapal jung Jawa. Kapal kanggo dedagangan duweke leluhuring wong Jawa iki, ya para pelaut Jawa, nalika iku kasil nguwasani tlatah dedagangan sing kapetung mligi, yaiku dedagangan empon-empon antarane Maluku, Jawa lan Malaka.

Kepara ing wektu iku, Malaka mujudake kuthane wong Jawa. Ora mung kuwi, tukang kayu saka Jawa uga prigel mangun galangan kapak ing kutha bandar utawa pelabuhan gedhe dhewe ing Asia Tenggara kasebut. Dokumentasi sujarah iki bisa dipindeng ing relief Candhi Borobudur kang nggambarake perahu nganggo cadhik sing kondhang kanthi sesebutan kapal Borobudur.
Kapal Borobudur dadi sarana tumrap wong Jawa saksuwene atusan taun kanggo nguwasani dalan lelayaran sadurunge abad XIII.


Dening wong-wong Perancis, kapal-kapal utawa prau Jawa sing gedhe ukurane iku sinebut juncos. Dene para pelaut Italia nyebut zonchi. Lan wusana kapal-kapal kasebut kondhang kanthi sesebutan jung.
Tembung jung iki tinemu ing tulisan karyane Rohib Odorico, John de Marignoli lan Ibnu Battuta. Wong-wong iki ora liya wong-wong sing seneng ngulandara liwat dalan samodra lan tumeka ing tlatah Nusantara ndalem kawitan abad XIV.

Kapal Jawa sing pancen gedhe ukurane iki, pinuji-puji dening wong-wong manca nagara minangka kapal sing nguwasani samodra Asia Tenggara. Iki ora liya asil karyane leluhuring wong Jawa. Kanyata wong Jawa iku uga raja ing samodra. Wong Jawa kasil mangun kapal sing kukuh, bakuh lan kabeh rerangken perangane kapal ora nggunakake paku.
Cumondhok

Alfonso de Albuquerque, tetunggule tentara Portugis kang nguwasani tlatah Malaka ndalem taun 1511, nulis yen wong Portugis duwe pangerten manawa Jawa iku minangka papan asal- usule jung-jung sing gedhe ukurane. Kapal jinis iki digunakake dening angkatan laut krajan Jawa pesisiran kang nempuh lan ngrabasa tentara penjajah Portugis sing cumondhok ing tlatah Nusantara.
Jung Jawa dipepaki papat cagak layar. Bobote jung rata-rata 600 ton, ngluwihi bobote kapal-kapal Portugis. Jung gedhe dhewe saka Krajan Demak, bobote kurang luwih 1.000 ton. Kapal iki digunakake ngangkut prajurit kanggo nempuh Portugis sing cumondhok ing tlatah Nusantara. Pluru mriem saka Portugis bisa didhadha dening kapal iki.

Tom Pires, sawijining pelaut Portugis nulis ing bukune, Suma Oriental, 1515,” Anunciada (kapal Portugis ing Malaka sing gedhe dhewe nalika iku) blas ora bisa madhani wujude jung Jawa”
Ora sithik pamindeng sujarah sing nyebut yen tembung jung kuwi asale saka tembung chuan, saka basa China. Nanging akeh uga kang ora sarujuk marang panemu kasebut. Pawadane adoh banget owah-wahan antarane chuan lan jung.

Ana panemu liya, tembung jung asale saka tembung jong sing ing basa Jawa tegese kapal. Tembung jong iki tinemu ing prasasti Jawa Kuna abad IX. Jung nate nguwa-sani lan nyawijekake laku dedagangan sing Asia Tenggara sing nglimputi Campa, Ayyuthaya, Aceh, Malaka lan Makassar.
Emane, kadigdayane jung Jawa wiwit kasilep ing kawitan abad XVII. Nalika iku Krajan Mataram wiwit nguwasani tanah Jawa lan duwe kawicaksanan anti niaga. Iki amarga kawicaksanan pulitik Walanda sing ngedu antarane Jawa Mataram lan Jawa pesisir. VOC ing Batavia nglapurake yen ndalem taun 1677, wong-wong ing Jawa Tengah wus ora duwe kapal gedhe.

Panaliti sujarah nelakake, jung lan tradhisi maritimisme Jawa ilang amarga panempuhe militer Walanda lan pulitik adon-adon kang ndadekake Sultan Agung ing Mataram dadi represif marang tlatah pesisiran. Saiki kadigdayane jung Jawa mung keri pangeling-eling. Ananging saka sujarah iki ana dudutan tumrap generasi mudha yen yektine leluhuring wong Jawa biyen kanyata duwe asil karya sing bisa nelukake donya, kapal gedhe sing nguwasani samodra. Wusana, butuh kupiyane generasi mudha Jawa kanggo ngasilake karya sing mahanani kuncarane maneh tanah lan kabudayan Jawa ing saindenging donya, kaya jaman kawuri. ::Rosnendya Yudha Wiguna, pandhemen wacan sujarah Jawa, dedunung ing Mojosongo, Solo::

Sudah pernah dimuat di Harian Solopos, Rubrik Jagad Jawa, tanggal 18 Desember 2008